jika..
October 1st, 2010 by ridhosinto“Jika seseorang yang kalian ridhai agama dan akhlaknya melamar (puterimu) kepadamu, maka nikahkanlah dengannya. Jika tidak, fitnah dan kerusakan yang luas akan terjadi di muka bumi.” *
“Dunia hanyalah perhiasan, dan tidak ada sedikitpun dari perhiasan dunia yang lebih utama daripada wanita yang shalihah.” **
“Wanita itu dinikahi karena empat perkara, karena hartanya, karena keturunannya, karena kecantikannya, dan karena agamanya; maka pilihlah wanita yang taat beragama, niscaya kamu beruntung.” ***
mardaris, menghibur diri:
*ngaca Dho, sopo koe. endhi githokmu? ojo sok gampang nuduh wong liyo sing bakal dadi penyebab fitnah lan kerusakan nang donya. rupamu koyo garpu, kelakuanmu isih koyo *$&! wis to, eling..eling…to le.. nyebut..nyebut.. sabar..sabar… ikhlas..ikhlas.. syukur..syukur..
**yen uripmu kui kudu ra iso nganggo perhiasan, ojo iri, ojo tumindak culiko, ojo ngrampok sing dudu hakmu. koe iso ngapusi marang uwong ben iso oleh perhiasan, ananging Gusti Allah ora sare le! ojo..ojo..mbok lakoni tumindak kui. yen uripmu kudu ngono kui, nerimo le, kui tandane Gusti Allah tresno marang sliramu le. tresno ugo karo kersane Gusti Allah yo. eling le, kui regane surgamu, Gusti Allah uwis jual-beli karo awakmu, lan Gusti Allah kui Maha Adil, ra mungkin mblenjani janji.
***semono ugo wong lanang le, dirabeni amarga patang perkoro kui. yen koe ra duwe sing telu, cekelen sing siji wae, kui dalan sing direstoni marang Gusti Allah. Gusti Allah tresno marang koe, sehingga koe ra padang bendo (sugih), ra tinurun seko golongan bangsawan, lan ora sempurna awakmu, kui kabeh ben dadi pengilingmu le. pengiling yen koe ki menungsa sing kudu ngabekten marang Gusti Allah. ben supayane koe ra koyo firaun yen sugih, ra koyo rojo sing semena-mena marang wong cilik yen due kuoso, ora ujub yen koe ganteng opo sempurno awakmu. kabeh kui supoyone koe tansah eling yen koe ki asale seko lemah, lan bakal dadi lemah meneh. kuatno atimu le, ora kabeh uwong melek. yen misal koe sisuk diparingi kesugihan, jabatan ananging ora diwenehi wanita perawan amarga ra oleh restu wong tuone lan awakmu ra due keturunan, iku artine Gusti Allah menehi amanah marang koe supayane ngurusi randa lan anak-anak yatim lan piatu sing podo ora due wong tuo.
Dho, wis adzan isya’ kae. tinggalno urusan donyamu iki, gek ndang mangkat nang mesjid. sing dudu panjangkaumu, serahno kabeh marang Gusti Allah.
-tulisan di awal bulan kelahiran-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar